Sabtu, 22 September 2012

SEJARAH PERADABAN ISLAM DI EROPA


SEJARAH PERADABAN ISLAM DI EROPA
(711 M – 1492 M)


MAKALAH

Diajukan kepada Program Pascasarjana Universitas Sains Al Qur’an
Jawa Tengah di Wonosobo Program Studi Magister Pendidikan Islam
Untuk Memenuhi Salah Satu Tugas Akhir Semester 1
pada Mata Kuliah Sejarah Peradaban Islam
Dosen Pengampu Dr. Asmaji Muchtar


 












OLEH:
1.    Nurkholis                                                  NIM. 389.9.1.12
2.    Dudiyono                                                  NIM. 388.9.1.12
3.    Anas Ansori                                              NIM. 382.9.1.12
4.    Nur Fahmi Zaini                                       NIM. 481.9.1.12
5.    Tohiron                                                     NIM. 082.9.1.12
6.    A. Tri Wahyudi                                         NIM. 439.9.1.12








UNIVERSITAS SAINS AL QUR’AN (UNSIQ)
JAWA TENGAH DI WONOSOBO
TAHUN 2012




 DAFTAR ISI


Kata Pengantar
A.  Pendahuluan
B.  Rumusan Masalah
C.  Pembahasan
1.    Sejarah Masuknya Islam ke Eropa
2.    Proses Masuknya Peradaban Islam  di Eropa   
3.    Periodisasi Perkembangan Islam di Spanyol
a.         Periode Pertama (711-755 M)
b.        Periode Kedua (755-912 M)
c.         Periode Ketiga (912-1013 M)
d.        Periode Keempat (1013-1086 M)
e.         Periode Kelima (1086-1248 M)
f.         Periode Keenam (1248-1492 M)
4.    Pengaruh Peradaban Islam terhadap Kemajuan Eropa
a.         Ilmu Pengetahuan
b.        Pembangunan Fisik / Arsitektur
5.    Sumbangan Ilmuwan Islam Bagi Perkembangan Eropa
a.         Filsafat Ibnu Sina dan Ibnu Rushd Dalam Tradisi Barat.
b.        Pemikiran Ibnu Sina dan Ibnu Rushd Di Bidang Ilmu Kedokteran Bagi Dunia Barat
6.    Kehancuran Otoritas Gereja dan Lahirnya Renaissance Eropa
7.    Kontribusinya Islam Terhadap Renaissance Eropa
8.    Modernisme Islam Sebagai Konsekwensi Logis Atas Keterbelakangan Peradaban Islam
9.    Faktor-Faktor Pendukung Kemajuan Islam Di Eropa
10.  Bukti Peradaban Islam di Eropa 
11.  Penyebab Kemunduran dan Kehancuran Islam di Eropa
12.  Pengaruh Peradaban Islam Di Eropa

D.      Penutup
Daftar Pustaka

Selasa, 04 September 2012

Pidato Bahasa Jawa "Istiqomah Sesampunipun Ramadhan"


NJAGI INSAN KAMIL SESAMPUNIPUN WULAN RAMADHAN


Ingkang tansah kawula hormati dumateng para alim-ulama,sesepuh lan bini sepuh
Ingkang kawula hormati dumateng bapak kepala desa Purwosari
Ingkang kawulo hormati Ketua RW 1 desa Purwosari lan sepengurusipun
Ingkang kawulo hormati Ketua darma wanita lan pengurusipun
Para tamu undangan, muslimin lan muslimat sedaya rohimakumulloh

Ingkang sepindah mangga kito sedaya tansah muji syukur dumateng Allah Swt, ingkang sampun paring kenikmatan ingkang mboten saged kito etang, sae niku arupi kenikmatan lahir utawi kenikmatan batih. Kenikmatan lahir antawisipun kito sedaya teksih dipun paring kesehatan lan kesempatan kangge ngrawuih wonten acara silaturrakhim wonten RW setunggal. Kenikmatan batin Alhamdulillah kito sedaya teksih dipun paring keimanan lan keislaman ingkang kuat wonten ing manahipun kito sedaya, sehinggo wonten ing detik sameniko insya Allah kito sedaya teksih dalam kondisi Iman lan Islam ingkang mugi-mugi saged dipun jagi dumugi kapan kemawon, wonten ing dunya lan akherat, allohumma amin.

Sholawat lan salam mboten supe, mugi tansah kanjuk dumateng Uswah kito sedaya, gusti Rasulullah SAW, ingkang sampun paring pendidikan dumateng kito sedaya, sehingga kito saged mengertoa pundi persoalan ingkang sae lan pundi persoalan ingkang mboten sae kanti dasar ajaranipun Rasululloh SAW arupi Ajaran Islam, mugi-mugi kanti kula sedaya tansah Ittibaa’ utawi nderek ajaranipun Rasul meniko wau, kita sedaya tansah pikantuk syafa’atipun Rasulullah kangge bekal gesang supados selamet dunya lan akheratipun, allohumma amin.

Para rawuh sedaya ingkang kawula hormati, rahimakumullah.
Sederengipun kula ngaturaken kultum, teksih wonten ing wulan syawal kula ngaturaken Taqobalallohu Mina wa Mingkum Minal ‘Aidzin wal Faidzin, Mohon maaf Lahir lan batin. Sinaoso ingkang namine pangapuraan meniko mboten naming teng wulan syawal kemawon. Termasuk ugi silaturrahim ugi mboten naming teng wulan syawal kemawon, ananging silaturrahim saged dipun lampahi wonten kapan kemawon.

Para hadir lan hadirot rahimakumulloh
Wonten ing kesempatan dinten sameniko kepareng kawulo ngaturaken kultum kanti judul :
“NJAGI INSAN KAMIL SESAMPUNIPUN RAMADHAN”.
Mboten kraos wulan ramadhan sampun ningglaken kito sedaya kanti cepet, raosipun katah hikmah ingkang saged kito pendet saking serangkaian ibadah wulan ramadhan ingkang kanti kesaenan lan ampunan Allah Swt. Pertanyaanipun napa Allah Swt niku teksih paring kesempatan dumateng kito sedaya kangge kepanggeh malih kalian wulan ramadhan tahun selajengipun ????.

Sampun sewulan penuh kito sedaya dipun latih kangge ningkataken keimanan lan taqwa kito kalian Allah Swt, ugi ngendalikaken hawa nafsu kito, sehinggo ndadosaken teng kito sedaya tiang ingkang gadeh akhlak mulia kados jujur, sabar, ikhlas lan peduli dumateng persoalan social, sehinggo ndadosaken kito sedaya meniko INSAN KAMIL utawi TIANG INGKANG SEMPURNA. Selaminipun wulan Ramadhan kadar takwa lan iman kito dumateng Allah Swt meningkat tajam. Sinaoso kanti fisik ingkang sayah lan lemah amargi nglampaih ibadah puasa, ananging kito sedaya teksih tansah saged nyambet damel wonten ing dinten siang, lan ndalunipun nglampaih ibadah kanti katah, kados QIYAMULAIL (ibadah Ndalu) kados solat tarawih, maos al Qur’an, solat tarawih, lan witir kanti berjama’ah, salat tahajud lan ibadah sanesipun.

Saking kataeh hikmahipun wulan ramadhan, antawisipun enten kalih ingkang kito sedaya kedah njagi wonten ing sewelas wulan sesampunipun wulan ramadhan, sepindah: KETAATIPUN KITO DUMATENG ALLOH SWT.  Kaping kalihipun : NGAMALAKEN KESAENAN SIKAP INGKANG UTAMA kados tansah sabar, jujur lan gadeh kepedulian sosial.

Para rawuh sedaya Rahimakumullah,
Amalan-amalan ingkang sae wonten ing wulan ramadhan menika wau, saenipun saged ugi dipun lampaih sinaoso wonten ing lintune wulan ramadhan tetap saged dipun pertahanaken, sebab kesuksesan ibadah wonten ing wulan ramadhan niku dipun dadosaken sebagai modal awal kangge nglampaih aktivitas ibadah wonten ing sanese wulan ramadhan. Menawi selama wulan ramadhan kito sedaya sami Taat nglampaih ibadah kanti katah sanget dumateng Allah (taqorrub Ilallooh), semanten ugi sesampunipun ramadhan kedahipun nggeh tetep taat. Ampun ngantos taatipun naming wonten ing wulan ramadhan ke mawon, ananging sesampunipun wulan ramadhan kito sedaya sami males anggenipun ibadah kaliyan Allah Swt.

Sebagai bukti kanti nyata, bilih akibatipun saking kekiranganipun ketaatan umat wonten ing sanesipun wulan ramadhan nggih puniko Masjid, Mushala sampunipun wulan ramadhan ketingal sampun sepi, sampun boten malih saged dipun pirengaken gemuruh suara salawat, dzikir, tadarus al Qur’an lan takbir. Akhiripun kemaksiatan lan kemungkaran kados pencurian, pemerkosaan, perampokan, padudon, ngrasani, korupsi lan perbuatan mboten sae sanesipun terjadi malih wonten teng pundi kemawon wonten ing sanesipun wulan ramadhan, Naudzubillahi min dzalik.

Para Rawuh Rahimakumullah,
Usaha kangge njagi supados kito sedaya tetep dados INSAN KAMIL utawi MANUSIA SEMPURNA wonten ing kehidupan sehari-hari inggih puniko :
1.    Ngatah-ngatahaken bekal iman lan taqwa (IMTAK) ingkang dipun praktekkaken wonten kehidupan kito sehari-hari, sehinggo menawi kito sami bekerja, bekerja kanti cara ingkang halal kangge mados rejeki ugi kanti ingkang halal.
2.    Ninggalaken perkawis ingkang boten migunani, maksudipun saben dinten kito sedaya tansah milih perbuatan ingkang manfaat kangge diri kito, tiang sanes lan masyarakat, mboten nglampaih perkawis ingkang mboten enten gunane utawi mubadzir napa malih ngantos mbahayani dumateng gesang kito sedaya, Rasulullah Muhammad SAW Bersabda :
“Min husnil Islam al Mar’i tarkuhu ma laa ya’nihi ( rowahu turmudzi )
Artosipun : Wonten ing salah satunggaling kesempurnaan (kebaikan) Islam wonten ing salah satunggaling tiang inggih puniko nilar perkawis ingkang mboten migunani. (hadits Riwayat Tirmidzi)
3.    Berlomba-lomba nglampaih kesaenan
4.    Introspeksi utawi menyadari kesalahan lan dosa
5.    Njagi diri lan keluarga saking gesang ingkang sengsara.
Firman Allah Swt QS. At Tahrim ayat 6 :